Prabowo kuwi ipene Ayok, mergane dhewekne rabi karo mbakyune Ayok. Dadi... anake Prabowo kuwi ponakane Ayok, dene anake Ayok ponakane Bowo. Pakane Ayok kuwi maratuwane Bowo, dene Bowo mantune Pakane Ayok.Paham???
.jpg)
.jpg)

Sampeyan kabeh mesthi kedher weruh raine. Kabeh sing wis ndeleng photone aweh komentar macem-mecem
Ngatawi kandha : "Nek ngirim foto sing bener….mosok fotone tukang obral …mbok kirimke"
Seje maneh komentare Mboen-mboen: "wah nek iki wis ora kebyok maneh tapi mbahe kebyok................"
Lha nek Eka nylethuk : "lha kok raiiiiiimu kaya bala kethoprak, dadi lakon apa kowe? Gatotkaca perang karo Minakjingga ya?"
Durung ngerti komentare kanca liyane, apamaneh Pithut, mesthi girap-girap weruh raine ayok. Sing durung kenal Ayok, dhewekne kuwi mbiyen dadi penunggune AKWW cedhake gedhung Golkar. Mlebu ing kelas A1-2, kuliah nek ra salah ning Cepu, saiki aktif ing KUBOTA.
1989 -2007 this is very long time guys...18 tahun nggak ketemu, asli aku pangling kabeh.....wis podo lemu lemu, kecuali kak Pur isih langsing wae.Seneng rasane dadi enom meneh....ngrasani guru guru awake dewe.